Minggu, 18 Maret 2018

Contoh Teks Anekdot Bahasa Jawa

Mobil Apik

Dino sabtu wahyu dolan menyang pendopo. Ana mobil kang apik tenan parkir menyang pinggir dalan. Pikirane wahyu, iki menowo aku foto karo mobil apik terus tak kirim menyang fb mesti akeh cewek sing demen karo aku iki.
Omonge Paklik aku iki bagus tapi sayange ora ana cewek seng gelem. Iki misteri.
 Wahyu : "Kapan aku iso duwe ngene iki ".
Setengah jam Wahyu mung foto - foto karo mobil apik iku. Ana cewek ayu liwat. Wahyu banjur takon.
Wahyu : "Ana apa mbak sajak e kok nyawang aku. Aja nyawang mengko tresno, tresno iku abot ben aku wae. haha"
Mbak Ayu : "haha.. niku mobile sampean to mas ? "
Wahyu : "Ooh ...(mikir). Iyo mbak iki mobilku. Ana apa mbak ? Pengen numpak ?"
Mbak ayu namung mesem. 
Wahyu : "Duh mbak. Esem lan guyumu gawe aku gemeter"
Mbak ayu : "Ngapunten mas kulo balik riyen"
Mbak ayu banjur buka kunci mobil apik iku. Wahyu kang kaget banjur nutupi wajahe. Mulai iku wahyu kapok menowo arep gaya ing barang kang uduk duwene.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar